Selasa, 27 Februari 2018

#igDesiStory NYOLONG TEBU

Sore iku terminal Purboyo ing tlatah Madiun hawane adhem, katon iyub ana ing sak ngisor wit ketapang. Saka kahanan iku, tuwuh kepinginan turu, ngglethak, amarga wus liyer-liyer mripate. Bus kang guedhi pating sliwer nggawa penumpang. Dene truk-truk kang ngangkut tebu padha parkir turut pinggir dalan.

Kasmin, Paijo, lan Rudi mlaku jinjit kareben ora keprungu suara saka jangkahe. Bocah telu kang kulite padha ireng lan mbladhus, tur kringete ya mambu sangit kaya tempe bosok iku duwe karep nyolong tebu.

Ngene jejere: Kasmin nguncalake tebu saka bokong truk, katangkep dening Paijo, banjur dioper menyang Rudi, dilumpukke. Naliksa wus ngumpul akeh, digawa mlayu.

***
Tebu siji babut, uncalke!
Tebu loro babut, uncalke!
Tebu telu babut, uncalke!

Bathukke Kasmin sing nonong katon metu kringet. Dhewekke mandheg merga krungu suara kang nyalapadi. Bocah iku banjur mriksa ana ing sisih ngarep panggonan kursi sopir. Kasmin mbengok biyanter.

Sumber gambar
“Wooo! Jangkrik! Asu! Bajingan!”

Paijo karo Rudi kuaget ra eram-eram. Bocah loro mlayu  mara ana ing sacedhake.

“Ngapa, Min!?” bengok Paijo.

Kasmin nduding-nduding sopir truk. “Heh, Bapaakkk! Kaget yo kowe!? Aku Kasmin anakmu! Mbok ki gek lara ning ngomah, kowe malah ra tau mulih!”

“Apa ta, Min!?” Rudi nyusul nginceng.

“Bapakku ki ra tau mulih Rud! Jare mbut gawe golek dhuwit, jebul mung ambung-ambungan karo genggek!”

Paijo melu nginguk. Sopir karo kanca wedhokke mak jenggirat kaget.

“Woo! Matamu pancen picek, Min!” saur Paijo. “Iki huduk bapakmu! Genah raine beda!”

Kasmin ngucek mripate.

“Buapakmu kae nembe nguli ana ing lor ndesa bareng Bapakku!” Paijo nambahi. “Mulane nek kon nganggo kacamata karo Bu Guru ki manut! Mripatmu kuwi minus! Wis lamur! Sampluk raimu sisan!”

UASUU!

Sopir truk misuh biyanter biyanget.

Kasmin, Rudi, lan Paijo langsung mlayu jranthal.

“Bajul buntung! Bocah ra ngerti diuntung! Wis dak umbar nyolong tebu, malah gawe gara-gara!” Sopir truk sing awakke lemu nguber. “Nek ketangkep, kowe kabeh dak ulet-ulet nganti kaya pelet lele! Wis buen! Kuapokmu kapan!”

Bocah telu kui terus mblayu.

“Kasmin ancene kuoploookkk...!” bengok Paijo karo Rudi. ***


nb: cerita-cerita #igDesiStory lain bisa teman-teman akses via Instagram @Puspitadesi_

1 komentar:

Copyright © 2010- | Viva | Kaffee Bitte | Desi Puspitasari | Daily | Portfolio